Kamis, 17 November 2011

GEGURITAN IBLIS

geguritan iblis
senadyan kowe pinuja-puja pindho dewa
sinubya-subya prasasat narendra
nanging ing panduluku
kowe ora beda munyuk njrenggigis
kapan lena kaprayitnanmu
bakal tinigas gulumu
linebur kuwandhamu dadi sawalang-walang
ginatheng sirahmu dadi leganing atiku

Tidak ada komentar: